April 14, 2018

Gambar SARJANA ROLAS ( 12 )

Sarehning gamabar punika wontê suraos , dados gegayutan mênggah sagedipun nerangaken menggah maksudipun kedah kacocokaken kaliyan raosipun ingkang maos utawi mriksani .

Mila miturut katerangan gandeng kaliyan gambar punika mekaten :

A . Gambar Kresno Manah Permadi.
Ingkang wonten ungel-ungelanipun

Permadi kang pratitis anggonmu nampani, yén luput tanpa dadi, yén sisip mbebayani . Ya iku kang dén arani gaman Rasa Bantala Tirta Maruta .
Kasinungan linuwih telungbperkoro :

luwih banter
luwih landep
luwih mandi

luwih banter aja ngléwati mesti
luwih landep aja natoni
luwih mandhi aja maténi

B. Gambar Permadi Nampani Jemparing

Gambar Permadi doyong moten pejah, nanging mapan. ingkang wonten ungel-ungelanipun :

Rasakno kang ngatikrasa , iki Rasa apa, Rasane apa ?

C . Gambar ula Nguntal buntuté dewe
Gambar sawer sekawan sami nguntal buntutipun piyambak-piyambak
wontên ungel-ungelanipun :
Mundak ora imbuh - Enték ora kalong - musno ora ilang

Taksaka mangrajut jiwa, mangesti amrih sampurna.

D. Gambar Sarjana Rolas ( 12 ) Tamat.
Inggih isi ungel-ungelan :

Wutuh  -  Pecah  -  Wutah

saiki  -  mbiyén iko  - mbisuk iku

Kang mriksa wajib maca - Kang nganti krasa - Rasa apa lan Rasané sapa

Kang krasa lan rumangsa, wajib tumindak apa mestiné
Tindakno :
Temen, resik, eling
Rila, santosa, Rahayu

Yen wis Tata jenengé, kudu titi marang jumenengé

Yen wis tetep marang enggoné, kudu titis amrang anggoné

aja mangro tingal - aja salah cipta - aja mangeran liyan

bener luput - bejo cilaka - metu saka tekade dewe

Wujud Rasa Kuwasa
KangbNggawe kang nggawa
kang nandur kang ngunduh
Tatasno tindak perluné

Katerangan :
Mila kaurutaken gambar setunggal dumugi sekawan sampun ngantos mandal sumbi panggrayangipun.
sabab menika uruting petangan mesti :
a. 2 dadi 1
b. 1 dadi 3
c. 3 dadi 1
d. 1 anané 2

Mila yen keterangan menika yen dipun terangaken setunggal-setunggal ngebaki papan, mila ringkesipun makaten :

A. Kresna lan Permadi = sejatine siji ( Inggih kang obah kang ngobahakên )

B. Kresna , Rama , Wisnu
Janaka , Sembodro , Srikandi.

Wisnu       : Wiji
Rama       : Dumadi
Kresna     : Pambudi
Janaka     : Kuwasa
Sembodro : Rasa
Srikandi    : Wujud

C. Telu telu dadi siji, 3 X 2 anané 2 ( loro ) dadi 6 X 2 = 12 ( Sarjana Rolas )

D. 1 anané 2 inggih Kresna lan Janaka

Pandawa tansah sama sinamadan .

Mila lajeng kawujudaken  :
Ulo nguntal buntut.

Rangkep Gangsal inggih tetep
1. Rasa
2. Cahya
3. Napas
4. Roh
5. Wujud

Wujud kang nyata dumunung : Semar, Gareng, Petruk

Wujud kang mesti dumunung : Seno

Roh dumunung : Darmokusumo

Napas dumunung : Janaka

Rahsa lan Cahya dumunung : Nakula lan Sadewa.

Mila urutipun mekaten :

Ras ( 1 ), Cahya ( 2 ) , Roh ( 3 ) tansah sesarengan . salah setunggal mboten génggang.
Yen sampun netepaken Rasa, Lajeng katindakaken dening paneksanipun Napas ( 4 ) dumunung wonten Janaka.

Yen sampun pineksa dening nafas, lajeng kabotèkaken ingkang sarana wigih.
Inggih punika Seno ( 5 ) (Wujud ).
Dene wewujudan punika namung kanyatan, nutupi ingkang andadosaken kasamaranipun, dumunung Semar ( 6 ) ( kulit ), Gareng ( 7 ) ( Wulu ), Petruk ( 8 ) ( Kuku ).

Supados tumindak wujud sampun ngatos kalenan ( kesalahan ) ,  pun wujud nganakaké pangawas ing nginggil ngandap, dumunung ana : Ontorejo ( 9 ) lan Gatotkoco ( 10 ).
Pramila pun wujud tansah kasinungan sangandap sanginggilipun.
Punika ingkang ingkang kawestanan Bagusti ( Bagus atiné ), ugi kawestanan GusTi.
Wujudipun Gusti Bagus wonten Abimanyu ( 11 ).

Mangka Gusti wau sampun tetepana Wujud . dadi tegese Bagus tur wis ana anané Bagus sing Bagus anané atine, Banjur kasebut GusTi Allah. Allahé dumunung ing kresna ( 12 ).

Mila manungsa kuwasa. Apa kang sinedya dadi . Sabarang sing dikarepake ora ana sing nglarangi kajobo bangsané Allah ( siji malih ) .
Inggih gantiné perangane wektu, yen wis jam 12 nuli jam 1 manéh.

Wektu tegese tuwa
Tuwa tegese wektu

Barang kang ora mesti ya ora urip

Barang kang ora sudo ya ora kalong

Barang kang ora musna ya ora ilang

Barang kang ora mundak ora imbuh

Mung tetep anané iku

Inggih punika wontenipun Manungsa Sejati netepaken sejatining manungsa, kanti laku kang Utama.
Dumunung wonten gambar ulo nguntal buntut.

Rahayu.

No comments:

Post a Comment

Wings of The Pheonix

The stars knew how long I've been wandering to find the heart that beats in tandem with mine.. The sun noticed how far I'd like to t...